Detail Aduan
Lihat detail lengkap aduan LGWP18432745
Rincian Aduan
LGWP18432745
Selesai
Public
Assalamualaikum. Wr. Wb
Kula nuwun Bapa Ganjar Pranowo. Songsong agung Jawi Tengah. Mboten korupsi mboten ngapusi Ananging wonten ingkang kapusan nun inggih Bupati lan Walikota sak andhahanipun. Miturut wewarah agami pemimpin ingkang amanah punika pemimpin ingkang adil Lha menawi tumindak emban cinde emban siladan punika kados pundi
Sami sami pegawai otonom ( Propinsi lan Kabupaten Kota ) rejekinipun njomplang ( TPP ) cobi dipun laras dipun penggalih kanthi sabar sareh ugi seksama Bank Jateng Samsat lsp wonten sakindhenging Jawi Tengah ananging jawahi pun namung propinsi, kabupaten kota grimis kemawon mboten malah bledug. Pegawai Propinsi ngguya ngguyu amargi cedhak ratu ( jendela jauhari ) pegawai Kabupaten Kota mecucu sak meter amargi cedhak watu ( fantastis X mringis ) Emut Bapa mumpung padhang rembulane, mumpung jembar kalangane . Kula dherekaken kanthi donga mugi bapa tansah pinaringan hidayah lan inayah Aamiin
Disposisi
Rabu, 24 Desember 2014 - 12:42 WIBAdmin Gubernuran
Laporan telah diteruskan ke BADAN KEPEGAWAIAN DAERAH
Verifikasi
Rabu, 24 Desember 2014 - 19:01 WIBBADAN KEPEGAWAIAN DAERAH
Terimakasih atas laporan Saudara dan akan kami teruskan bidang yang menangani.
Selesai
Kamis, 25 Desember 2014 - 07:08 WIBBADAN KEPEGAWAIAN DAERAH
Terima kasih atas partisipasinya.
Kebijakan pemberian tambahan penghasilan (TPP) bagi PNS Provinsi Jateng merupakan kebijakan Pemprov.Jateng dengan memperhatikan kemampuan keuangan daerah yang bersumber dari APBD Provinsi Jawa Tengah. Bagi Kab/Kota dapat memberikan TPP kepada PNS di lingkungan masing-masing sesuai kemampuan keuangan daerah yang bersumber dari APBD Kab/Kota.