Rincian Aduan : LGWA98306919

Selesai Public

KABUPATEN WONOGIRI, 22 Sep 2021

Alamat: Kabupaten/Kota Wonogiri, Kecamatan Paranggupito, Kelurahan Sambiharjo Laporan: Assalamu'alaikum...Wr...Wb... Nuwun sewu nyuwun pangapunten dumateng Bapak Gubernur Jawa tengah Bapak Ganjar Pranowo ugi jajaran nipun ingkang dalem hormati salam sehat,salam sejahtera,salam bahagia kagem kito sedoyo. Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar dalem rakyat ipun panjenengan,utawi salah setungal ipun warga masyarakat injih meniko : *Dusun : Kajor Rt.001/ Rw.003* *Kelurahan : Sambiharjo* *Kecamatan : Paranggupito* *Kabupaten : Wonogiri* *Provinsi : Jawa tengah,Indonesia.* Nuwun sewu nyuwun Pangapunten Bapak Ganjar,dalem meniko kepareng matur bilih antawis ipun : 1.sepindah nyuwun pangapunten Bapak Ganjar,mayoritas masyarakat khusus ipun kecamatan Paranggupito wonogiri ugi sekitar ipun meniko menawi musim kemarau air bersih meniko ingkang dipun prioritas aken nomor setunggal.awit menopo meniko kagem kebutuhan pokok saben dinten nipun. 2.kaping kalih,Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar,kagem dalem pribadi mawon menawi musim kemarau dalem meniko mundhut air bersih saking mobil tangki air kapasitas 6000 liter,lajeng kagem 1 mobil tangki kapasitas 6000 liter meniko reginipun Rp.150.000. 3.kaping tigo,Nyuwun pangapunten Bapak Ganjar dalem pribadi meniko menawi musim kemarau,mundhut air mobil tangki kapasitas 6000 liter meniko kirang langkung telas 20 mobil tangki air bersih kapasitas 6000 liter. *(150.000 X 20 tangki )* mekaten niku Bapak Ganjar,kagem kebutuhan (masak,minum,mencuci,mandi,ugi kebutuhan perternakan ). 4.kaping sekawan,nyuwun pangapunten Bapak Ganjar lajeng menawi musim penghujan dalem pribadi kagem kebutuhan saben dinten nipun (masak,minum,mandi,mencuci,ugi kebutuhan hewan ternak ) nipun ngagem air hujan niku Pak Ganjar. Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar,sejatos ipun kecamatan Paranggupito Wonogiri meniko sampun wonten saluran AIR PDAM ananging mboten saben dinten mengalir (1 minggu 2x ) mekaten niku Bapak Ganjar,sejatos ipun injih sampun membantu kebutuhan air bersih kagem masyarakat kecamatan paranggupito ugi sekitar ipun mekaten Bapak Ganjar. Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar kagem masyarakat kecamatan Paranggupito wonogiri meniko sebagian injih sampun pasang METER AIR PDAM,lajeng sebagian injih dereng pasang niku Bapak Ganjar (salah setungal ipun dalem piyambak dereng pasang meter air PDAM ). Nyuwun pangapunten Bapak Ganjar sejatos ipun dalem rumiyen injih sampun badhe pasang METER AIR PDAM,kolo rumiyen dalem pribadi sampun dipun suwuni biaya pasang meter air PDAM meniko Rp.1.500.000 .lajeng yotro sampun mlebet dateng petugas PDAM kecamatan Paranggupito Wonogiri ,dalem injih sampun nengo pinten pinten bulan mboten wonten tindakan/respon/pengerjakan pemasangan meter air PDAM. padahal yotro sampun mlebet. Nyuwun pangapunten Bapak Ganjar dalem tanglet aken malih dateng petugas PDAM kecamatan Paranggupito, ngendikanipun bilih : - wonten kendala kuota pemasangan meter air PDAM baru meniko sampun telas. -ugi alesan nipun air PDAM mboten cekap kagem pelangan baru dll. lejeng yotro Rp.1.500.000 meniko di pun wangsul aken malih mekaten Bapak Ganjar. *Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar,dalem meniko rakyat alit,ingkang mboten saged pripun pripun sejatos ipun pengin ngraos aken fasilitas AIR PDAM ananging mboten saged* *Nyuwun pangapunten Bapak Ganjar nyuwun tulung mbok dalem meniko dipun bantu kagem pemasangan METER AIR PDAM meniko,kajeng ipun dalem meniko ngraos aken fasilitas air PDAM kecamatan Paranggupito wonogiri meniko.dados ipun dalem meniko menawi musim kemarau mboten mundut air saking mobil tangki. (kagem mengurangi pengeluaran kebutuhan harian) mekaten niku Bapak Ganjar*. Nuwun sewu nyuwun pangapunten Bapak Ganjar,mekaten ingkang dalem matur dateng Bapak Ganjar Pranowo utawi *laporgub.jtg* Menawi wonten klenta klentu nipun dalem matur dalem pribadi nyuwun pangapunten ingkang tanpo umpami dateng Bapak Ganjar ugi jajaran nipun. Matur sembah nuwun ???????? Wassalamu'alaikum...Wr...Wb...

0 Orang Menandai Aduan Ini