Detail Aduan

Lihat detail lengkap aduan LGSM75200808

Rincian Aduan

LGSM75200808

Selesai Public
KABUPATEN BREBES
30 Jan 2018
0 ditandai
Assalamu alaikum wr wb. Nuwun sewu Bp Gubernur, tahun2 kapengker warga Jawi Tengah utamanipun para PNS saha warga sekolah kadhawuhan nganhe basa Jawi kanthi leres saben dinten Kamis. Ananging kadosipun wonten tltah Brebes sak meniko sampun mboten malih. Kawula nyuwun renaning penggalih Bp Gubernur mugi kersa paring dhawuh/ngengetaken malih dhumateng kawula sadaya ngengingi bab kasebat. Matur nuwun Bapak. (daryono - Brebes).

Disposisi

Rabu, 31 Januari 2018 - 08:50 WIB

Admin Gubernuran

Laporan telah diteruskan ke BADAN KEPEGAWAIAN DAERAH

Verifikasi

Rabu, 31 Januari 2018 - 15:48 WIB

BADAN KEPEGAWAIAN DAERAH

Njih matur suwun saranipun kawulo terasaken ingkang gadah kawigaten

Selesai

Kamis, 01 Februari 2018 - 15:23 WIB

BADAN KEPEGAWAIAN DAERAH

pengginaan bahasa jawi meniko leres sampun kebijakan pemprov jateng ingkang dipun atur wonten Pergub jateng nomor 57/2013 ttg Petunjuk Pelaksanaan Perda Prov Jateng nomor 9/2013 ttg Bahasa,Sastra dan Aksara Jawa, ingkang sampun diubah kaliyan pergub jateng nomor 55 Th 2014.Lajeng kagem pelaksaanipun sampun dipun dalaken SE Gub Jateng Nomor 430/9525 tanggal 7 oktober 2014 perihal Penggunaan Bahasa Jawa untuk Komunikasi Lisan di Lingkungan Pemprov Jateng dan Pemerintah Kabupaten/Kota se-Jateng.

Kagem pergaulan mbendinanipun sampun sami ngagem bahasa jawi.

namung senajan sampun cetho aturanipun mboten saged dipun selakki (pungkiri) menawi penggunaan bahasa jawi wonten pamerintahan taksih wonten kesulitanipun kados menawi dipun agem rapat, kathah ingkang kesulitan pados padanan kata mawi basa jawi. Ugi kagem Pemerintah Kabupaten Brebes puniko namung saged nganjuraken kemawon, Matur Suwun perhatosipun kaliyan Boso Jawi