Detail Aduan
Rincian Aduan : LGIG78721331
KABUPATEN BLORA, 17 Jul 2021
nyuwun sewu pangapuntenipun sakderengipun park Ganjar badhe nderek tangklet unek2 kulo kersane saget lego ati kalih perasaan keluarga kulo. garwo kulo niki ngabdi ting puskesmas kunduran Kab. Blora pak bidan nggih mpun nderek kontrak BLUD tp ngapuntene gaji nipun niku kok mboten sami kalih puskesmas Rowobungkul Kec. Ngawen Kab. Blora engkang sami2 ngabdi nderek BLUD, ting puskesmas rowobungkul kec. Ngawen Kab. Blora pegawai nipun angsal gaji UMR kisaran 1.8 jt (info saking petugas administrasi ting puskesmas rowobungkul). ting puskesmas kunduran garwone kulo angsal gaji 700.000 di tambah jasa pelayanan (insentif) bulan juni 2021 niku 244.000 pak. pangapuntene nggih pak menawi enten lepate garwone kulo ngabdi pun saking 2016 gajinipun+jasa pelayanan niku tasih katahan satpam ting mriku engkang nembe masuk 2019. sepindah malih pangapuntenipun nggih pak matur suwun sakderengipun.
Disposisi
Sabtu, 17 Juli 2021 - 02:36 WIB
Admin Gubernuran
Verifikasi
Sabtu, 17 Juli 2021 - 10:51 WIB
Kabupaten Blora
Progress
Sabtu, 17 Juli 2021 - 10:51 WIB
Kabupaten Blora
Selesai
Sabtu, 17 Juli 2021 - 11:00 WIB
Kabupaten Blora